ATR 42 | |
---|---|
ATR 42 | |
Tipe | Montor mabur penumpang régional |
Produsen | ATR |
Pisanan mabur | 16 Agustus 1984 |
Status | Aktif |
Pemakai | FedEx Feeder Airlinair TRIP Linhas Aéreas Aeromar |
Diproduksi | 1984-saiki |
Cacah digawé | 401+ |
Rega satuan | 42-500: $12-16 million (2008) [1] |
Varian | ATR 72 |
ATR 42 iku salah siji montor mabur penumpang régional let cedhak kanthi mesin twin-turboprop kang digawé déning perusahaan montor mabur Prancis, ATR. Jeneng "42" asalé saka gunggung kapasitas kursi antarané 40 nganti 50. Montor mabur iki dikembangaké luwih lanjut dadi ATR 72. Montor mabur iki diprodhuksi nalika taun 1981 lan mabur kaping pisanané nalika tanggal 16 Agustus 1984.
ATR 42-300 diluncuraké nalika taun 1981, kanthi pamaburan pisanané tanggal 16 Agustus 1984; Sèrtifikasi saka Prancis lan Italia diwènèhaké nalika sasi September 1985 lan pamaburan komersial pisanané kadadéan nalika sasi Dhésèmber ing taun kang padha déning Air Littoral saka Prancis.[2] Vèrsi awal saka ATR42 iki lumebu sajeroning prodhuksi nganti taun 1996. Pangembangan sabanjuré ya iku ATR42-320 (uga diendheg prodhuksiné taun 1996) kanthi migunakaké mesin kang luwih tenagané PW-121 kanggo performa kang luwih dhuwur lan kaanan panas. ATR42-300QC ya iku vèrsi montor mabur kang bisa diowahi kanthi rikat minangka montor mabur penumpang utawa kargo saka vèrsi standhar sèri-300.[3]
Vèrsi prodhuksi saiki ya iku sèri-500. Iki wujud montor mabur génerasi anyar kanthi mesin anyar, baling-baling anyar, performa pucuk lan panas kang ditingkataké, panambahan kapasitas beban, lan pangembangan kabin penumpang. ATR 42-500 50 kursi pisanan disèrtifikasi sasi Juli 1995.[3] Nalika Januari 2009 kira-kira 401 ATR 42 wis dikirim menyang sekabèhané donya kanthi pesenan nganti 18 montor mabur.[4]
Vèrsi-200 ya iku prototip asli saka ATR 42 lan mung sapérangan kang diyasa kanggo kabutuhan uji coba. Montor mabur iki ditenagai déning mesin Pratt & Whitney Canada PW120 ing 1800 tenaga jaran.[5]
Vèrsi-300 ya iku vèrsi prodhuksi standhar. Modhèl iki diprodhuksi nganti taun 1996. Montor mabur iki ditenagai déning mesin Pratt & Whitney Canada PW120 ing 1800 tenaga jaran.
Vèrsi-320 wujud vèrsi pangembangan saka-300 kang ditenagai déning mesin PW121 (1900 dk). Montor mabur iki dirancang kanggo performa luwih apik ing kaanan dhuwur lan panas.[5]
Vèrsi-400 ya iku jeneng resmi kanggo vèrsi penumpang saka ATR 42 "Surveyor". Vèrsi-400 ya iku vèrsi pangembangan saka-200/300/320 nggunakaké baling-baling enem bilah kanthi mesin kang padha PW120/PW121. Panganggo utama saka jinis montor mabur iki ya iku Conviasa lan CSA Czech Airlines.
ATR-500 ya iku vèrsi prodhuksi saiki. Pangiriman sepisanan dilakokaké nalika Oktober 1995. Vèrsi iki ya iku dhesain kang bener-bener anyar kanthi pangembangan kanggo performa lan kanyamanan penumpang. Montor mabur iki migunakaké mesin anyar, baling-baling anyar, dhesain kabin anyar, lan paningkatan kapasitas beban. Montor mabur iki nggunakaké baling-baling enem bilah sing diputer déning mesin PW127E kanthi tenaga 2400 dk kanggo performa dhuwur lan panas lan ngundhakaké karikatan njlajah. Mesin bisa digunakaké nganti suhu udara +45C. Baling-baling dikendhalèkaké kanthi penuh déning sistem èlèktronik lan nggunakaké matérial komposit. Iki uga ngundhakaké beban maksimum lepas landhas, kang mungkinaké kargo luwih akèh lan let tempuh luwih tekan 1,500 nm.
Operator gedhé dhéwé saka ATR-42 ya iku FedEx Express, Airlinair, TRIP Linhas Aéreas, lan maskapé saka Mexico City Aeromar. Gunggung montor mabur nalika 15 Oktober 2009:
Watara 70 maskapé liya ngoprasikaké montor mabur iki kanthi gunggung kang luwih cilik.[6]
Kategori | ATR 42-500 | ATR 72-500 |
---|---|---|
Kru pamaburan | Loro | |
Pramugari | Siji | Loro |
Kapasitas penumpang (kelas tunggal) | 44-50 | 68-74 |
Dawa | 22.67 m (74 ft 5 in) | 27.16 m (89 ft 2 in) |
bentang swiwi | 24.57 m (80 ft 7 in) | 27.05 m (88 ft 9 in) |
dhuwur | 7.59 m (24 ft 11 in) | 7.65 m (25 ft 1 in) |
Bobot kosong (kg) | 11,250 | 12,950 |
MTOW (kg) | 18,600 | 22,500 (basis) 22,800 (opsi) |
Dawa landhesan nalika MTOW | 1,165 m (3,822 ft) | 1,290 m (4,232 ft) |
Tenaga | 2× Pratt & Whitney Canada PW127E | 2× Pratt & Whitney Canada PW127F/M |
Kacepetan maksimum | 300 kts (555 km/jam) | 276 kts (511 km/jam) |
Let tempuh | 1,611 km / 1,001 mil | 1,500 km / 932 mil |
Dhuwuring jlajah | 25,000 ft (7,600 m) |
((cite web))
: CS1 maint: archived copy as title (link)
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani ATR 42. |