ATR 72 | |
---|---|
ATR 72 duwèkané Merpati ing Papan Anggegana Internasional Ngurah Rai, Denpasar, Bali | |
Tipe | Montor mabur penumpang régional |
Produsen | ATR |
Pisanan mabur | 27 Oktober 1988 |
Status | aktif |
Pemakai | American Eagle Kingfisher Airlines Binter Canarias Jet Airways |
Diproduksi | 1988 – saiki |
Cacah digawé | 408 |
Rega satuan | 72-500: $16.5-20 yuta (2008) [1] |
Acuan | ATR 42 |
ATR 72 ya iku montor mabur penumpang régional jarak cendhak kanthi mesin twin-turboprop kang dibangun déning perusahaan montor mabur Prancis-Italia ATR. Montor mabur iki duwé kapasitas nganti 78 penumpang sajeroning konfigurasi kelas tunggal lan dioperasèkaké déning kru juru anggegana kang cacahé loro.
ATR 72 dikembangaké saka ATR 42 sajeroning upaya kanggo ngundhakaké kapasitas penumpang (saka 48 dadi 78) kanthi ndawakaké lambung montor mabur nganti 4.5 m (14 ft 9 in), ngundhakaké dawa swiwi, mènèhi mesin kang luwih gedhé tenagané, lan ngundhakaké kapasitas bahan bakar nganti 10 persèn. ATR 72 diluncuraké taun 1986,[2] lan nindakaké pamaburan pisanané nalika tanggal 27 Oktober 1988. Pas setaun sawisé iku, ya iku tanggal 27 Oktober 1989, Finnair dadi maskapé pisanan kang migunakaké montor mabur mau sajeroning pamaburan.[3]
Kira-kira 408 ATR 72 wis dikirim menyang sekabèhané donya kanthi gunggung pesenan nganti 28 montor mabur luwih.
Penumpang ngleboni montor mabur migunakaké lawang mburi (kang langka banget digunakaké sajeroning montor mabur penumpang) wondéné lawang ngarep minangka nglebokaké kargo. Finnair mesen ATR 72 kanggo dhèwèké kanthi lawang penumpang ngarep nganti dhèwèké bisa migunakaké garbarata jèt ing Papan Anggegana Helsinki-Vantaa.[4]
Ganjelan buntut kudu dipasang nalika penumpang metu utawa lumebu montor mabur sajeroning kasus yèn irung montor mabur kaangkat, kang kerep kadadéan kargo lan penumpang metu lan lumebu kanthi prosedhur kang salah.
Montor mabur ATR ora duwé Auxiliary Power Unit (APU) kaya déné lumrahé montor mabur liya, APU mung wujud pilihan tambahan lan bakal disèlèhaké ing pérangan kargo C4. Sapérangan gedhé montor mabur dijangkepi kanthi rèm baling-baling (lumrahé diarani "Hotèl Mode") kang ngendhegaké baling-baling ing mesin #2 (tengen), mungkinaké mesin kanggo urip lan nyepakaké udara lan tenaga kanggo montor mabur tanpa muter baling-baling. Rèm baling-baling mau wujud panggunan kang ora wigati, lan akèh maskapé ngeculaké rèm mau, lan akiré perusahaan ngilangaké saka montor mabur sakpenuhé. Iki ngilangaké kabutuhan abot tambahan lan pametu kanggo perawatan APU lan rèm baling-baling.[5]
Loro sub-tipe dipasaraké minangka sèri 100 (-100)
Loro sub-tipe dipasaraké minangka sèri 200 (-200). Vèrsi-200 iku vèrsi prodhuksi awal, ditenagani kanthi mesin Pratt & Whitney Canada PW124B kanthi tenaga 2400 dk.[6]
Loro sub-tipe dipasaraké minangka sèri 210 (-210), vèrsi-211, (lan kang kanthi lawang kargo luwih gadhé, karan vèrsi-212), ya iku vèrsi-200 kanthi mesin PW127 kang ngasilaké tenaga 2750 dk kang kabèh dikembangaké kanggo kaanan panas lan kadhuwuran luwih. Dibédakaké andhedhasar jinis lawang utama lan lawang dharurat.
Nalika 25 November 2009:
Pesenan gedhé dhéwé kaya ta:
Kategori | ATR 42-500 | ATR 72-500 |
---|---|---|
Kru pamaburan | Loro | |
Pramugari | Siji | loro |
Kapasitas penumpang (kelas tunggal) | 44-50 | 68-74 |
Dawa | 22.67 m (74 ft 5 in) | 27.16 m (89 ft 2 in) |
Bentang swiwi | 24.57 m (80 ft 7 in) | 27.05 m (88 ft 9 in) |
Dhuwur | 7.59 m (24 ft 11 in) | 7.65 m (25 ft 1 in) |
Bobot kosong (kg) | 11,250 | 12,950 |
MTOW (kg) | 18,600 | 22,500 (basis) 22,800 (opsi) |
Dawa landhesan nalika MTOW | 1,165 m (3,822 ft) | 1,290 m (4,232 ft) |
Tenaga | 2× Pratt & Whitney Canada PW127E | 2× Pratt & Whitney Canada PW127F/M |
Kacepetan maksimum | 300 kts (555 km/jam) | 276 kts (511 km/jam) |
Let tempuh | 1,611 km / 1,001 mil | 1,500 km / 932 mil |
Dhuwuré panjlajahan | 25,000 ft (7,600 m) |
((cite web))
: CS1 maint: archived copy as title (link)
((cite web))
: CS1 maint: archived copy as title (link)
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani ATR 72. |