Artikel iki ditulis nganggo basa krama.
ARA

Peta Ara
CekakanAra[1]
GenitifArae[1]
Asensio rekta17.39
Deklinasi−53.58
Area237 derajad pesagi (#63rd)
Lintang utama8[1]
Lintang
Bayer/Flamsteed
17
Lintang
mawa planèt
7
Lintang padhang2
Lintang cedhak3
Lintang paling padhangβ Ara (2.84m)
Lintang paling cedhakGliese 674 ( tc)
Obyèk Messier0
Udan météorNone
Rasi lintang
sing wewatesan
Katon antara lintang +25° lan −90°.
Katon paling cetha ing wektu 21.00 jroning sasi July.
'
Rasi lintang Ara

Ara inggih punika salah satunggaling rasi lintang saking 48 rasi lintang Yunani ingkang dipundhaptar wonten ing abad kaping kalih déning asronom Walandi, Ptolemy lan sampun mlebet 88 rasi lintang modhèren ingkang sampun dipundhaptar déning International Astronomical Union. Rasi lintang Ara mapan wonten ing wilahan langit sisih kidul, ing sak kidulipun garis khatulistiwa. Rasi lintang Ara mapan wonten ing antawisipun rasi lintang Scorpius lan Triangulum Australe. Ara inggih maujud saking tembung "altar" ing basa Latin. Wonten ing mitos Yunani, Ara inggih padatanipun dipun-ginakaken kanggé mratandhani altar wonten ing sak nginggiling pedhang déwa Zeus sadèrèngipun perang kaliyan Titans. Wonten ing cariyos sanèsipun, Ara nggambaraken altar minangka papan panggènanipun raja Arcadian saking karajan Lycaon ngorbanaken putranipun ingkang jaler lan ngintun putranipun minangka lawuhipun déwa Zeus.

Rasi lintang Ara gadhah laladan ingkang ambanipun kirang langkung 237 drajat pesagi, lan ngewrat sekawan lintang ingkang dipunmangertosi minangka planit-planit. Rasi lintang punika saged dipuntingali ing garis lintang antawisipun +25° lan-90° lan badhé ingkang saé piyambak dipuntingali ing jam 9 ndalu ing salebetipun wulan Juli.

Lintang-lintang

Déné lintang-lintang ingkang wonten ing rasi lintang Ara ing antawisipun inggih punika:

Ara taksih kalebet kulawarga rasi lintang Hercules sesarengan kaliyan rasi lintang Hercules, Sagitta, Aquila, Lyra, Cygnus, Vulpecula, Hydra, Sextans, Crater, Corvus, Ophiuchus, Serpens, Scutum, Centaurus, Lupus, Corona Australis, Triangulum Australe lan Crux. Déné rasi lintang sanèsipun ingkang mapan wonten ing sak kiteripun Ara inggih punika rasi lintang Corona Australis, Scorpius, Norma, Triangulum Australe, Apus, Pavo lan Telescopium.[2]

Cathetan suku

  1. a b c d Ridpath & Tirion 2001, kc. 82–83.
  2. Ara Archived 2012-05-06 at the Wayback Machine. (Dipunundhuh tanggal 25 Pebruari 2013)