CAMELOPARDALIS

Peta Camelopardalis
CekakanCam[1]
GenitifCamelopardalis[1]
Asensio rekta6
Deklinasi+70
Area757 derajad pesagi (#18th)
Lintang utama2, 8
Lintang
Bayer/Flamsteed
36
Lintang
mawa planèt
4
Lintang padhang0
Lintang cedhak3
Lintang paling padhangβ Cam (4.03m)
Lintang paling cedhakLHS 2459 ( tc)
Obyèk Messier0
Udan météorOctober Camelopardalids
Rasi lintang
sing wewatesan
Draco
Ursa Minor
Cepheus
Cassiopeia
Perseus
Auriga
Lynx
Ursa Major
Katon antara lintang +90° lan −10°.
Katon paling cetha ing wektu 21.00 jroning sasi February.
'

Camelopardalis (/[unsupported input]kəˌmɛləˈpɑːrdəls/) inggih punika salah satunggaling rasi lintang ingkang mapan wonten ing belahan langit sisih lor. Rasi lintang punika inggih kalebet rasi lintang ingkang ageng nanging lemah. Rasi lintang punika dipunbiwarakaken sepisanan ing taun 1612 utawi 1613 déning Petrus Plancius. Rasi lintang punika kalebet 88 rasi lintang modhèren ingkang sampun dipuntetepaken. Sapérangan astronom sepuh paring alternatif nama kanggé nyebataken rasi lintang punika, inggih punika kanthi sebatan, Camelopardus.[1]

Ètimologi

Kaping sepisanan dipuntes ing basa Inggris ing taun 1785, camelopardalis inggih asalipun saking basa Latin,[2] lan ing basa Yunani dados "καμηλοπάρδαλις" ingkang tegesipun "jerapah",[3] lajeng saking basa "κάμηλος" (kamēlos), "onta"[4] + "πάρδαλις" (pardalis), "leopard",[5].

Lintang-lintang

Rasi lintang Canes Venatici gadhah tlatah ingkang ambanipun kirang langkung 757 drajat persegi lan ngewrat tigang lintang ingkang dipunmangertosi minangka planit-planit. Rasi lintang punika saged dipuntingali wonten ing garis lintang antawisipun +90° lan-10° lan badhé katingal paling sa manawi dipuntingali ing jam 9 dalu ing salebeting sasi Pebruari. Sanajan ta Camelopardalis inggih kalebet rasi lintang ingkang paling amba nomer wolulas, anannging rasi lintang punika sanès kalebet rasi lintang ingkang padhang, lan minangka lintang ingkang padhang piyambak inggih kanthi magnitudo sekawan. Ing kasunyatanipun, rasi lintang punika nmung ngewrat sekawan lintang ingkang gadhah magnitudo ing sak nginggiling 5,0.[6] Déné lintang-lintang ingkang wonten ing rasi lintang punika ing antawisipun inggih kados makaten:

VAribael lintang sanèsipun ingkang wonten ing rasi lintang punika inggih U Camelopardalis, VZ Camelopardalis, lan Mira variables T Camelopardalis, X Camelopardalis, lan R Camelopardalis.[7]

Ing taun 2011, satunggaling supernova inggih kapanggih wonten ing rasi lintang punika.[8]

Camelopardalis inggih taksih kalebet kulawarga rasi lintang Ursa Major sesarengan kaliyan rasi lintang Ursa Major, Ursa Minor, Draco, Canes Venatici, Bootes, Coma Berenices, Corona Borealis, Leo Minor lan Lynx. Déné rasi lintang sanèsipun ingkang mapan wonten ing sak kiteripun Camelopordalis inggih punika rasi lintang Draco, Ursa Minor, Cepheus, Cassiopeia, Perseus, Auriga, Lynx lan Ursa Major.[9]

Cathetan suku

  1. a b c d e f Ridpath 2001, kc. 92–93.
  2. Lewis, Charlton T.; Short, Charles. "camelopardalis". A Latin Dictionary. Perseus Digital Library. Dibukak ing 8 June 2012.
  3. Liddell, Henry George; Scott, Robert. "καμηλοπάρδαλις". A Greek-English Lexicon. Perseus Digital Library. Dibukak ing 8 June 2012.
  4. Liddell, Henry George; Scott, Robert. "κάμηλος". A Greek-English Lexicon. Perseus Digital Library. Dibukak ing 8 June 2012.
  5. Liddell, Henry George; Scott, Robert. "πάρδαλις". A Greek-English Lexicon. Perseus Digital Library. Dibukak ing 8 June 2012.
  6. Staal 1988, kc. 241.
  7. a b c Norton 1973, kc. 118=119.
  8. Boyle, Rebecca (3 January 2011). "10-Year-Old Canadian Girl Is The Youngest Person Ever to Discover a Supernova". Popular Science. Dibukak ing 8 June 2012.
  9. Camelopardalis Archived 2012-02-24 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 24 Pebruari 2013)