Koordhinat: 7°41′06″S 110°28′10″E / 7.6848728°S 110.4695674°E / -7.6848728; 110.4695674

Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak.
Candhi Morangan

Candhi Morangan inggih punika salah satunggaling candhi Hindhu ingkang dumunung ing dhusun Morangan, kalurahan Sindumartani, kecamatan Ngemplak, Sléman, Yogyakarta, ingkang celak sanget kaliyan Kali Gendol (antawis 100 mèter sisih kilèn) saha ingkang paling lèr nyelaki gunung Merapi. Miturut prakiran, candhi punika dipunyasa antawis abad ke-9 saha ke-10 ing jaman Karajan Mataram Kuno, inggih punika sejaman kaliyan candhi-candhi Hindhu, kados ta Candhi Prambanan, lan sakpiturutipun. Wangunan candhi punika kasungsun saking candhi induk saha candhi perwara ingkang sedayanipun saking watu andesit.