Koordhinat: 7°45′26″S 110°29′18″E / 7.75717°S 110.488448°E
Candhi Dawangsari inggih punika salah satunggaling situs candhi Hindhu-Buda ingkang dumunung ing sisih lèr manawi saking Candhi Barong, inggih punika ing dhusun Dawangsari, Sambirejo, Prambanan, Kabupatèn Sléman, DIY.[1]. Miturut prakiran, candhi punika kabangun nalika abad kasanga (abad ke-9) nalika jaman Karajan Mataram Kuno. Nalika dipuntemokakan kapisanan, reruntuhaning candhi punika gadhah manéka stupa saha patung Ganesha minangka pralambang pemujaan déning umat agama Hindhu.
Pulo Jawa | Batujaya · Barabudhur · Candhi Kalasan · Candhi Mendut · Candhi Pawon · Candhi Ngawèn · Candhi Plaosan · Candhi Sari · Candhi Lumbung · Candhi Bubrah · Candhi Sèwu · Candhi Sojiwan · Candhi Banyuniba · Ratu Baka · Candhi Brahu · Candhi Jawi · Candhi Jago · Candhi Jabung · Candhi Sumberawan · Candhi Bojongmenje · Candhi Dawangsari · Candhi Gampingan |
---|---|
Pulo Sumatra | Candhi Muara Takus · Muaro Jambi · Biaro Bahal · Candhi Lesung Batu |
Pulo Kalimantan |