Candhi Bubrah ya iku candhi Buda kang ana ing komplèks Taman Wisata Candhi Prambanan, ya iku ing antarané candhi utama Roro Jonggrang lan candhi Sèwu. Dijenengaké Bubrah amarga pancèn keadaané rusah (bubrah ing basa Jawa) nalika pertama kali ditemuaké[1]. Candhi iki dibangun ing abad ke-9 ing jaman Karajan Mataram Kuno, sak periode karo candhi Sèwu[2].
Ukuran Candhi Buda iki rélatif cilik kanthi dénah dhasar persegi panjang, ndowo arah lor-kidul[1]. Candhi iki duwé ukuran 12 m x 12 m digawé saka jinis watu andésit, kanthi sisa reruntuhan dhuwur 2 mèter baé. Ing pelipit dhuwur dihiasi pahatan kanthi pola simetris. Ora kaya ana sisa-sisa rélièf ing témbok sikil candhi. Ondo munggah menyang selaras ing lumah batur ana ing sisih wétan[1]. Nalika ditemoaké isih ana patung Buda, nanging wus ora wutuh.
Pulo Jawa | Batujaya · Barabudhur · Candhi Kalasan · Candhi Mendut · Candhi Pawon · Candhi Ngawèn · Candhi Plaosan · Candhi Sari · Candhi Lumbung · Candhi Bubrah · Candhi Sèwu · Candhi Sojiwan · Candhi Banyuniba · Ratu Baka · Candhi Brahu · Candhi Jawi · Candhi Jago · Candhi Jabung · Candhi Sumberawan · Candhi Bojongmenje · Candhi Dawangsari · Candhi Gampingan |
---|---|
Pulo Sumatra | Candhi Muara Takus · Muaro Jambi · Biaro Bahal · Candhi Lesung Batu |
Pulo Kalimantan |