Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Candhi Muara Takus. |
Candhi Muara Takus ya iku candhi kang kagolong penginggalan saka Karajan Sriwijaya, kraton kang disegani ing masané[1].
Candhi Muara Takus iki ana ing Désa Muara Takus, Kacamatan XIII Koto Kampar utawa dohé kurang saka 135 kilomèter saka kutha Pekanbaru. Jarak antarané kompleks candhi iki lan punjer désa Muara[2].
Ing huluné, kali Kampar cabang 2 dadi kali Kampar Kanan dan Kampar Kiri. Ing pinggir kali Kampar Kanan iki ana Désa Muara Takus. Yasan candhi Muara Takus sapérangan gedhé digawé saka batu bata abang. Candhi Muara Takus kagolong candhi Buda. kaananan candhi duwé kaitan raket marang Karajan Sriwijaya lan bisa didadeaké petunjuk manawa Muara Takus pernah berfungsiaké kanggo pelabuhan kapal. Ing cathetan I-Ching, ana kang mrakiraaké manawa laladan Muara Takus ya iku Kutha krajan Karajan Sriwijaya utawa pelabuhan kang dadi salah sawijining punjer sinau agama Buda, papan kanggo golèk ngèlmu musafir saka Cina, India, lan nagara-nagara liya[3].
Muara Takus asalé saka jeneng salah sawijing anak kali kang muarané menyang Batang Kampar Kanan. Miturut Duta Besar Singapura kang pernah menyang Muara Takus ing taun 1977 nyataake manawa Muara takus kasusun saka 2 tembung ya iku Muara lan Takus, Muara artiné pucuk akhiré kali, utawa papan kang ing ngendi kali ngrampungi alirané menyang laut utawa kali kang luwéh gedhé, lan Takus ana ing basa Cina kang artiné: TA = gedhé, KU = Tua, SE = Candhi. dadi arti kabèh é ya iku Candhi tuwa kang gedhé kang ana ing muara kali[4].
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Candi Muara Takus. |
Cithakan:Situs Warisan Dunia di Indonésia
Pulo Jawa | Batujaya · Barabudhur · Candhi Kalasan · Candhi Mendut · Candhi Pawon · Candhi Ngawèn · Candhi Plaosan · Candhi Sari · Candhi Lumbung · Candhi Bubrah · Candhi Sèwu · Candhi Sojiwan · Candhi Banyuniba · Ratu Baka · Candhi Brahu · Candhi Jawi · Candhi Jago · Candhi Jabung · Candhi Sumberawan · Candhi Bojongmenje · Candhi Dawangsari · Candhi Gampingan |
---|---|
Pulo Sumatra | Candhi Muara Takus · Muaro Jambi · Biaro Bahal · Candhi Lesung Batu |
Pulo Kalimantan |