Emanuel Swedenborg | |
---|---|
Lair | 29 Januari 1688 KJ (8 Fèbruari 1688) Stockholm, Swèdhen |
Pati | 29 Maret 1772 London, Inggris |
Kala | Filsafat abad angka 18 |
Tlatah | Filsafat Kulon |
Aliran | Teosofi, mistisisme Inspirasi saka Swedenborgianisme |
Maribawani
| |
Pinaribawan
|
Emanuel Swedenborg pengucapan (pitulung·info) (jeneng lair: Emanuel Swedberg; lair ing Stockholm, Swèdhen, 8 Fèbruari 1688 – pati ing London, Inggris, 29 Maret 1772 ing umur 84 taun)[1] iku sawijining èlmuwan, filsuf, mistikus Kristen,[2][3] lan téolog Swèdhen. Swedenborg duwé karer kang prodhuktif minangka sawijining panemu lan èlmuwan. Ing umur sèket enem taun, dhèwèké ngleboni fase spiritual sajeroning uripé, lan dhèwèké wiwit ngalami "impèn lan pandelengan". Iki muncak minangka kabangkitan spiritual, ing endi dhèwèké nglaim wis ditunjuk déning Gusti supaya nulis dhoktrin surgawi kanggo ngréformasi agama Kristen. Dhèwèké ngeklaim yèn Gusti wis mbukak matané, saéngga wiwit wektu iku dhèwèké bisa bébas nekani swarga lan nraka, lan guneman karo para malaékat, sétan, lan roh-roh liyané. Sakwéné 28 taun sisa uripé, dhèwèké nulis lan nerbitaké 18 karya-karya téologis, kang paling misuwur ya iku Swarga lan Nraka (1758),[4] lan sapérangan karya téologis kang ora diterbitaké.
![]() |
Wikicuplik duwé cuplikan ngenani: Emanuel Swedenborg |