PICTOR

Peta Pictor
CekakanPic
GenitifPictoris
Asensio rekta4.53 h ~ 6.85
Deklinasi−43° ~ −64
Area247 derajad pesagi (#59th)
Lintang utama3
Lintang
Bayer/Flamsteed
15
Lintang
mawa planèt
3
Lintang padhangnone
Lintang cedhak1
Lintang paling padhangα Pic (3.30m)
Lintang paling cedhakKapteyn's Star ( tc)
Obyèk Messiernone
Udan météornone
Rasi lintang
sing wewatesan
Caelum
Carina
Columba
Dorado
Puppis
Volans
Katon antara lintang +26° lan −90°.
Katon paling cetha ing wektu 21.00 jroning sasi January.
'

Pictor inggih punika salah satunggaling rasi lintang ingkang mapan wonten ing belahan langit sisih kidul. Rasi lintang pictor mapan wonten ing antawisipun lintang ingkang pinter inggih punika Canopus lan Large Magellanic Cloud. Rasi lintang punika ingghih nama Latin saking painting, nanging ing kasunyatanipun, rasi lintang punika nama aslinipun inggih punika Equuleus Pictoris. RAsi lintang punika sepisanan dipunbiwarakaken lan dipunparingi nama déning Abbé Nicolas Louis de Lacaille wonten ing abad kaping 18.

Lintang-lintang

Rasi lintang Pictor punika gadhah aréa ingkang ambanipun 247 drajat persegi lan ngewrat kalih lintang ingkang dipunmangertosi minangka planit-planit. Rasi lintang punika saged dipuntingali ing garis lintang antawisipun +26° lan-90°, lan ingkang saé piyambak dipuntingali ing pukul 9 dalu ing salebeting sasi Januari.[1]

Kapteyn’s Star (HD 33793) inggih punika satunggaling wujud red dwarf ingakng tebihipun 12,78 taun cahya. Pictor ugi ngewrat objek langit lebet ingkang kedah dipuncathet, inggih punika wonten NGC 1705 ingkang kalebet galaksi kurcaci ingkang boten aturan, ingkang ambanipun 2.600 taun cahya kanthi tebihipun kirang langkung 16,6 taun cahya.[2]

Pictor kalebet satunggal kulawarga kaliyan rasi lintang Lacaille sesarengan kaliyan rasi lintang Norma, Circinus, Telescopium, Microscopium, Sculptor, Fornax, Caelum, Horologium, Octans, Mensa, Reticulum lan Antlia. Rasi lintang sanèsipun ingkang ngiteri rasi lintang Pictor inggih punika rasi lintang Caelum, Carina, Columba, Dorado, Puppis lan Volans. [3]

Cathetan suku

  1. Pictor Archived 2012-05-06 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 14 Pebruari 2013)
  2. Wilkins & Dunn 2006.
  3. Russell 1922, kc. 469.

Cithakan:88 rasi lintang modhern