Alice Munro | |
---|---|
Lair | Alice Ann Laidlaw 10 Juli 1931 Ontario, Kanada |
Pakarya | Penulis |
Bangsa | Kanada |
Bebungah utama | Nobel di babagan Sastra 2013 |
Bojo | James Munro (1951–1972) Gerald Fremlin (1976–2013) |
Alice Ann Munro (jeneng lair Laidlaw, lair ing Ontario, Kanada, 10 Juli 1931; umur 93 taun) ya iku sawijining penulis asal Kanada kang nampa Penghargaan Nobel Sastra ing taun 2013.[1][2] Saliyané iku, dhèwèké uga nampa penghargaan Man Booker International Prize ing taun 2009 lan minangka pemenang kaping telu Penghargaan Gubernur Jenderal Kanada kanggo kategori karya fiksi.[3] Munro dikenal minangka penulis kang mènèhi prabawa marang karya sastra, kususe carkak, ora mung ana ing Kanada, nanging uga ing jagading internasional.[4]
Alice Munro lair ing Wingham, sawijining kutha ing Provinsi Ontario, Kanada, ing 10 Juli 1931.[1] Ibune minangka guru lan bapake tukang angon serigala.[1] Munro wiwit sinau jurnalistik lan basa Inggris ing University of Western Ontario.[1] Bebarengan karo bojone, dhèwèké manggon ing Victoria, British Columbia, lan bukak toko buku.[1] Munro wiwit nulis carita rumaja, lan nerbitake karya buku sepisanane ing taun 1968, Dance of the Happy Shades, kang akèh digatekaken ing Kanada.[1] Dhèwèké wiwit mublikasi tulisané ing manéka majalah wiiwt taun 1950-an.[1] Ing taun 1971, dhèwèké nerbitake kumpulan carita kanthi irah-irahan Lives of Girls and Women, kang déning para kritikus wis digambarake minangka Bildungsroman.[1]
Ing taun 2013, Munro éntuk Penghargaan Nobel Sastra.[1] Penghargaan kanggo Munro kagolong unik amarga lagi sepisanan sawijining penulis carkak menang penghargaan iki.[5] Ing carkak-cerpene, penulis asal Kanada, Alice Munro nyritakake kuranging manungsa.[5] Munro dadi penulis wadon kaping 13 kang menang bebungah Nobel Sastra kang wiwit ditindakake ing taun 1901.[5]
Cuplikan magepokan Alice Munro ing Wikicuplik
1901 – 1925 | Prudhomme (1901) · Mommsen (1902) · Bjørnson (1903) · F. Mistral / Echegaray (1904) · Sienkiewicz (1905) · Carducci (1906) · Kipling (1907) · Eucken (1908) · Lagerlöf (1909) · Heyse (1910) · Maeterlinck (1911) · Hauptmann (1912) · Tagore (1913) · Rolland (1915) · Heidenstam (1916) · Gjellerup / Pontoppidan (1917) · Spitteler (1919) · Hamsun (1920) · France (1921) · Benavente (1922) · Yeats (1923) · Reymont (1924) · Shaw (1925) |
---|---|
1926 – 1950 | Deledda (1926) · Bergson (1927) · Undset (1928) · Mann (1929) · Lewis (1930) · Karlfeldt (1931) · Galsworthy (1932) · Bunin (1933) · Pirandello (1934) · O'Neill (1936) · Martin du Gard (1937) · Buck (1938) · Sillanpää (1939) · Jensen (1944) · G. Mistral (1945) · Hesse (1946) · Gide (1947) · Eliot (1948) · Faulkner (1949) · Russell (1950) |
1951 – 1975 | Lagerkvist (1951) · Mauriac (1952) · Churchill (1953) · Hemingway (1954) · Laxness (1955) · Jiménez (1956) · Camus (1957) · Pasternak (1958) · Quasimodo (1959) · Perse (1960) · Andrić (1961) · Steinbeck (1962) · Seferis (1963) · Sartre (1964) · Sholokhov (1965) · Agnon / Sachs (1966) · Asturias (1967) · Kawabata (1968) · Beckett (1969) · Solzhenitsyn (1970) · Neruda (1971) · Böll (1972) · White (1973) · Johnson / Martinson (1974) · Montale (1975) |
1976 – 2000 | Bellow (1976) · Aleixandre (1977) · Singer (1978) · Elytis (1979) · Miłosz (1980) · Canetti (1981) · García-Márquez (1982) · Golding (1983) · Seifert (1984) · Simon (1985) · Soyinka (1986) · Brodsky (1987) · Mahfouz (1988) · Cela (1989) · Paz (1990) · Gordimer (1991) · Walcott (1992) · Morrison (1993) · Ōe (1994) · Heaney (1995) · Szymborska (1996) · Fo (1997) · Saramago (1998) · Grass (1999) · Gao (2000) |
2001 – saiki | Naipaul (2001) · Kertész (2002) · Coetzee (2003) · Jelinek (2004) · Pinter (2005) · Pamuk (2006) · Lessing (2007) · Le Clézio (2008) · Müller (2009) · Vargas Llosa (2010) · Tranströmer (2011) · Mo (2012) · Munro (2013) · Modiano (2014) · Alexievich (2015) · Dylan (2016) · Ishiguro (2017) · Tokarczuk (2018) · Handke (2019) · Glück (2020) |