Artikel iki macak aksara Jawa. Menawa pangluru sampéyan durung njurung karakter iku, sampéyan mokal ndeleng sawenèh tulisan sing nganggo aksara Jawa ing kaca iki. Kanggo ndandani, wacana Pitulung:Aksara Jawa.

Bajigur yaiku ombèn-ombèn anget khas masarakat Sundha saka laladan Jawa Kulon, Indonésia. Bahan mligi yaiku gula Jawa lan santen. Supaya tambah énak, ombènan iki ditambahi jaé, uyah lan bubuk panili.

Ombènan kang disuguhaké nalika isih panas iki lumrahé didol kanthi nggunakaké grobak lan kompor. Bajigur paling cocog diombé nalika kaanané adhem utawa sawisé udan. Panganan kang kerep disuguhaké bareng bajigur yaiku gedhang godhog, ketéla rambat godhog, utawa kacang brol godhog.

Deleng uga