Aksara Latin
     
Klepon
Klepon
Klepon
JinisJajanan pasar, Kuwé
AjanganMangan panutup
Panggonan asalIndonésia
Tlatah utawa prajaJawa
Hawa ajanganAdhem lan anget
Woworan pokokberas ketan lan gula
Buku masakan: Klepon  Médhia: Klepon

Klepon yaiku panganan sing misuwur ing tanah Jawa, kang digawé saka glepung beras ketan lan diisi gula Jawa. Klepon lumrahé mung ana rong warna yaiku ijo lan putih. Klepon iku wanguné bunder lan anggoné mangan nganggo wur utawa klapa kang diparut. Klepon uga kalebu jajanan pasar.

Ing Sumatra lan ing Malaysia, klepon ingaran "ondhé-ondhé", déné sebutan iki ing tanah Jawa lan pérangan liya ing Indonésia wujud panganan sing béda yaiku panganan awangun bunder uga kagawé saka glepungberas isi adonan kacang ijo lan kulité diwuwuri wijèn. Prabédan panyebutan antara ing Jawa lan Sumatra-Malaysia iki kerep dadi jalaran salah paham. Klepon biyasa didol bebarengan karo getuk lan cenil (uga ingaran cetil) minangka jajanan ing wayah ésuk utawa soré. Werna klepon lumrahé putih utawa ijo gumantung seléra. Klepon kanthi warna ijo, perlu tambahan bahan pewarna alami saka godhong suji utawa godhong pandhan.

Carané nggawé klepon:

Klepon