Gethuk
Gethuk Magelang
Panggonan asalIndonésia
Tlatah utawa prajaJawa
Woworan pokokketéla pohung
Buku masakan: Gethuk  Médhia: Gethuk

Gethuk iku panganan jajanan (kudhapan) kang mligi digawé saka ketéla pohung (singkong). Gethuk iku panganan kang gampang ditemoni ing Jawa Tengah lan Jawa Wétan.

Gethuk ana kang digawé saka téla.[1] Rasané uga bisa warna-warna.[1] Ana kang rasa kèju, coklat, vanila, stroberi.[1] Sak liyané iki ana uga gethuk lapis, tegesé gethuk kang rasané warna-warna lan didadèkaké siji.[1] Umpamané gethuk lapis rasa coklat, vanila lan strobèri.[1] Téla kang dipilih kuduné téla kang mempur lan ora njarot, ora ketuwan lan ora bongkrèken.[1]

Gethuk racaké disajèkaké kanggo cemilan karo ngombé tèh. Salah sijining variasi gethuk iku carané karo digorèng. Uga ana kang luwih seneng mangan gethuk kang dienggo pacitan manawa lagi ana tamu.

Gethuk lan gemblong

Bédané gemblong karo gethuk yaiku, gemblong iku panganan saka pohung, lan gethuk saka téla. nanging ana ing daerah Jepara gemblong iku panganan kang asalé saka ketan utawa diarani Jadah Carané gawé iya améh padha, kang bedakake yaiku

Uga delengen

Cathetan suku

  1. a b c d e f http://www.getuksingkong.com Archived 2011-05-14 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 6 Mèi 2011)