Artikel iki macak aksara Jawa. Menawa pangluru sampéyan durung njurung karakter iku, sampéyan mokal ndeleng sawenèh tulisan sing nganggo aksara Jawa ing kaca iki. Kanggo ndandani, wacana Pitulung:Aksara Jawa.
Wajik
Wajik
Panggonan asalIndonésia
Tlatah utawa prajaJawa
Woworan pokokberas ketan
Buku masakan: Wajik  Médhia: Wajik

Wajik yaiku panganan tradhisional kang digawé saka ketan lan gula Jawa. Wajik iki rasané legi. Racaké wajik iku wernané soklat amarga diwènèhi gula jawa, ananging bisa uga diwènèhi pawerna panganan supaya luwih narik kawigaten. Wajik mbutuhaké wektu kang suwè kanggo nggawè.Pramila wajik iki digawé mawa wong akèh lan papan sing amba. Panganan iki disuguhaké nalika ana mantènan ananging saiki ana bakul sing njajakaké wajik ing pasar lan papan pariwisata sing bakulan olèh-olèh.